Menu

Contoh Drama Berbahasa Jawa

"REBUTAN"
            . Ana wit gedhang raja uwohe katon ngesemake , gedhang’e mulus , cacahe ana sepuluh lirang .
Supari       : wah... gedhang kae mrungsuh tenan . ketimbang kedhisikan bakul liya luwih becik tak tebas wae ( karo mlaku menyang omahe yanto )
Yanto        : opo ri ?
Supari       :  uwohe gedhang kae oleh taktuku gak ?
Yanto        : oleh .... mbok tuku piro sakjane ?
Supari       : Sakmono kuwi Satus ewu wis payu .
Yanto        : Durung intuk sakmono iku .
Supari       : Wis satus limalas wae kang ? nek gak gelem yo wis .
Yanto        : iya wis ( karo nampani dhuwit panjere supari ) .
                      .Walito sing pekarangane gedhang karo pekarangane Yanto gandeng . miling-miling gedhang raja iku , banjur nemoni bojone ( witri ) .
Walito      : Gedhang raja kae rak ono ing pekarangane dhewe ?
Witri         : iya genah . Apa wis wancine diunduh ?
Walito      : Sedhela engkas . Coba tawakno Sanipah , gelem nuku opo ora wong’e .
Witri         : ya sesuk tak tawakne .
Walito      : Hla... napa ngenteni sesuk ?
Witri         : Saiki Sanipah ora ono ing ngomah .
                    . Esuke Witri menyang ana omahe Sanipah kanggo ngomongi yen arep Adol gedhang .
Sanipah    : Ana opo iki ? kok njanur nggunung ?
Witri         : Gedhangku ing pekarangan cedhak prapatan kae ijolono dhuwit .
Sanipah    : iya gampang , nanging taktiliki dhisik .
Witri         : mengko yeng wis koktiliki , gek ngomongo ya ?
Sanipah    : iyo .
                    . Sorene genti Sanipah sing menyang omahe Walito . Kanggo niliki gedhang raja kuwi .
Sanipah    : gedhang raja kuwi mbok regani piro ?
Witri         : yo nek iso satus seket ewu ?
Sanipah    : Biyuh... ngunu kuwi sangangpuluh neng pasaran .
Witri         : Ojo ngono to yu ! . wis satus sepuluh wae ?
Sanipah    : jek gung iso mbak . wis iki tawaku terakhir , satus wae ya ? nek gak gelem yo wis .
Witri         : yo wis sakmono wae cocok .
                        .Kaluwargane Tanto katon gumyak-gumyak rembug bab anggone dum-dhuman gedhang raja .
Mukri       : Dhik , mbesok gedhange yen wis mateng , bageyanmu lirang ngisor dhewe !
Dwi(Adhike) : ora bisa ... Cah cilik dhewe kuwi bageyane kudu sing dhuwur dhewe .
Wakini     : wis..wis... Aja padha rebutan mengko yen wis mateng didum sing adil .
Tanto        : opo ora didol wae ?
Wakini     : didol kepiye ? dipangan wae , pisan-pisan mangan gedhang raja sing gizine dhuwur .
Mukri&Dwi : iya bener ibuk kuwi lho .
                        . Bedha maneh karo Midi , Pawongan kuwi dipasrahi Yekti ngopeni pekarangan Suwung sing nduwe tapel wates karo pekarangane dhuweke walito , Tanto lan Yanto .
Midi          : (nelpon Yekti) . Halo... mbak , Gedhange sing ana pekarangan wis arep tuwek ?
Yekti         : Oooo...... ngono . Apek’en gak papa . aku gak njaluk bageyan .
Midi          : suwun mbak . (gedhang kuwi jawane midi arep didol karo dipangan dhewe) .
                        . Sore bar udan . Ana Pawongan papat ( Tanto ,Sanipah,Supari lan Midi ) menyang papan panggonan gedhang raja iku . wong papat kuwi arep ngunduh gedhang raja kuwi .
Tanto        : iki arep padha tindak ngendi ?
Sanipah    : Hla panjenengan ajeng napa mas Tanto .
Tanto        : Aku arep ngundhung gedhangku iki !
Supari       : Lho..... kula nggeh ajeng ngundhung gedhang niki awit sampun kula tumbas saking mas Yanto .
Midi          : Lho..... gedhang iki rak duwekku . manggon ing papan kene .
Tanto        : Ora bisa genah gedhang iki ana kene kok . Ateges dhuwekku ( kmrungsung Atine ) .
                        . Midi lan Tanto padha eyel-eyelan . Sanipah lan Supari nemoni Walito lan Yanto sauga nyritani permasalahane yen arep ngunduh gedhang kuwi .
Walito      : woooe... wis genah wit gedhang iki ana ing tanah pekaranganku .
Yanto        : yo gak iso mas . uwohe gedhang mangklung ana pekaranganku  . dadi yo dhuwekku .(karo emosi) .
                        .  Kabeh padha emosi lan wis wiwit kelangan kendali diri . Ana saperangan warga dhusun kang padha nyedak , nanging ora wani tumindhak . Mula banjur ana sing mlayu ngabari Pak RT .
Midi          : (kentekan kesabaran) . wis iki genah gedhangku ora usah kakean ngomong (karo mbabatake arite marang Tanto ).
Tanto        : (Arit kuwi ditangkis karo bendho) Oeee...... kowe arep mateni aku !
                        . Beda maneh karo padhudhone walito lan Yanto sing wis gelut .
Walito      : wis tak kandhani iki gedhangku ( karo nyawat yanto nganggo dhengkel wit pohung )
Yanto        : (Yanto bisa ngindar) kowe iki diomongi angel ! (mbalangake watu sakepel marang walito ) ( walito isih bisa endha ) .
Pak RT      : Mandheg ! Mandheg ! Mandheg dhisik ! ora kena padha pasulayan ! Apa ora isin ditonton cah cilik-cilik !
                        . Wong kang nembe padudon kuwi wis iso dipisah pak RT . wis disarujuki , yen bab gedhang kuwi bakal dirembug kanthi becik ing ngomahe pak RT . wengi rembugan kelakon tenan . padha bengkerengan .
Tanto        : Pak Rt... kuwi ngono gedhangku !
Midi          : ora bisa.... gedhang kuwi sing njaga aku .
Yanto        : gedhang kuwi rak jelas-jelas mangklung ana pekaranganku
Pak RT      : wis ojo padhudhon wae . sesuk gedhang raja kuwi bakal diundhuh bareng-bareng lan bakan didum sing adil .
Walito      : iyo wis , aku setuju karo usule ak RT we .
                        . Wengi kuwi , udakara tabuh sewelas ana berita yen gunung kelud njeblug . Esuke dhusun kuwi dikebaki awu . wong-wong padha ngomahe dhewe lan ora sida ngundhuh gedhang .
                        . Sawise udan kahanan dadi luwih kepenak . wong-wong kang bakal ngundhuh gedhang wis mlumpuk ana panggone pak Rt , banjur mangkat bareng .
Midi          : niki sampun lengkap . pak RT ayo ndang mangkat .
Pak Rt       : nggehh....
                        . Wong papat kuwi padha kuciwa awit wit gedhang wis rubuh , gedhange wis ora ana .
Wong papat            : Loohh.... ( padha bingung dhewe)
Pak Rt            : Hla..... iki ulahe sopo ?????????
                                    . wong papat kuwi lan pak RT banjur ora ana kang kumecap . katrem marang pikire dhewe .
                   Saktemene , Nalika ana angin bergowong , ana wong edan kang liwat papan kuwi sing ndelok lan ngundhuh gedhang raja kang mingin-mingini kuwi .
Wong edan  : ciattttt..... bresss..... (bengok sak rosane ) . biyuh enak ngeneki . josssss tenan ...
                   Sakbanjure dening wong edan kuwi , gedhang saperangan dipangan ngenggon , turahane diprintili kabeh lan diwadahi karung kresek banjur digawa lunga .




¨¨SELESAI¨¨




Sumber : Cerkak di Koran yang kemudian saya ubah ke dalam Dialog .
Terima kasih atas kunjunganya .

ANDI YUDHA SUSILA

Tidak ada komentar:

Posting Komentar