Supari : wah... gedhang kae mrungsuh tenan .
ketimbang kedhisikan bakul liya luwih becik tak tebas wae ( karo mlaku menyang
omahe yanto )
Yanto : opo ri ?
Supari :
uwohe gedhang kae oleh taktuku gak ?
Yanto : oleh .... mbok tuku piro sakjane ?
Supari : Sakmono kuwi Satus ewu wis payu .
Yanto : Durung intuk sakmono iku .
Supari : Wis satus limalas wae kang ? nek gak
gelem yo wis .
Yanto : iya wis ( karo nampani dhuwit panjere
supari ) .
.Walito sing pekarangane gedhang karo
pekarangane Yanto gandeng . miling-miling gedhang raja iku , banjur nemoni
bojone ( witri ) .
Walito : Gedhang raja kae rak ono ing pekarangane
dhewe ?
Witri : iya genah . Apa wis wancine diunduh ?
Walito : Sedhela engkas . Coba tawakno Sanipah ,
gelem nuku opo ora wong’e .
Witri : ya sesuk tak tawakne .
Walito : Hla... napa ngenteni sesuk ?
Witri : Saiki Sanipah ora ono ing ngomah .
. Esuke Witri menyang ana omahe Sanipah kanggo
ngomongi yen arep Adol gedhang .
Sanipah : Ana opo iki ? kok njanur nggunung ?
Witri : Gedhangku ing pekarangan cedhak
prapatan kae ijolono dhuwit .
Sanipah : iya gampang , nanging taktiliki dhisik .
Witri : mengko yeng wis koktiliki , gek
ngomongo ya ?
Sanipah : iyo .
. Sorene genti Sanipah sing menyang omahe
Walito . Kanggo niliki gedhang raja kuwi .
Sanipah : gedhang raja kuwi mbok regani piro ?
Witri : yo nek iso satus seket ewu ?
Sanipah : Biyuh... ngunu kuwi sangangpuluh neng
pasaran .
Witri : Ojo ngono to yu ! . wis satus sepuluh
wae ?
Sanipah : jek gung iso mbak . wis iki tawaku
terakhir , satus wae ya ? nek gak gelem yo wis .
Witri : yo wis sakmono wae cocok .
.Kaluwargane
Tanto katon gumyak-gumyak rembug bab anggone dum-dhuman gedhang raja .
Mukri : Dhik , mbesok gedhange yen wis mateng ,
bageyanmu lirang ngisor dhewe !
Dwi(Adhike) : ora bisa
... Cah cilik dhewe kuwi bageyane kudu sing dhuwur dhewe .
Wakini : wis..wis... Aja padha rebutan mengko yen
wis mateng didum sing adil .
Tanto : opo ora didol wae ?
Wakini : didol kepiye ? dipangan wae , pisan-pisan
mangan gedhang raja sing gizine dhuwur .
Mukri&Dwi : iya bener
ibuk kuwi lho .
. Bedha
maneh karo Midi , Pawongan kuwi dipasrahi Yekti ngopeni pekarangan Suwung sing
nduwe tapel wates karo pekarangane dhuweke walito , Tanto lan Yanto .
Midi : (nelpon Yekti) . Halo... mbak ,
Gedhange sing ana pekarangan wis arep tuwek ?
Yekti : Oooo...... ngono . Apek’en gak papa .
aku gak njaluk bageyan .
Midi : suwun mbak . (gedhang kuwi jawane
midi arep didol karo dipangan dhewe) .
. Sore bar
udan . Ana Pawongan papat ( Tanto ,Sanipah,Supari lan Midi ) menyang papan
panggonan gedhang raja iku . wong papat kuwi arep ngunduh gedhang raja kuwi .
Tanto : iki arep padha tindak ngendi ?
Sanipah : Hla panjenengan ajeng napa mas Tanto .
Tanto : Aku arep ngundhung gedhangku iki !
Supari : Lho..... kula nggeh ajeng ngundhung
gedhang niki awit sampun kula tumbas saking mas Yanto .
Midi : Lho..... gedhang iki rak duwekku .
manggon ing papan kene .
Tanto : Ora bisa genah gedhang iki ana kene
kok . Ateges dhuwekku ( kmrungsung Atine ) .
. Midi lan
Tanto padha eyel-eyelan . Sanipah lan Supari nemoni Walito lan Yanto sauga
nyritani permasalahane yen arep ngunduh gedhang kuwi .
Walito : woooe... wis genah wit gedhang iki ana
ing tanah pekaranganku .
Yanto : yo gak iso mas . uwohe gedhang
mangklung ana pekaranganku . dadi yo
dhuwekku .(karo emosi) .
. Kabeh padha emosi lan wis wiwit kelangan
kendali diri . Ana saperangan warga dhusun kang padha nyedak , nanging ora wani
tumindhak . Mula banjur ana sing mlayu ngabari Pak RT .
Midi : (kentekan kesabaran) . wis iki genah gedhangku ora
usah kakean ngomong (karo mbabatake arite marang Tanto ).
Tanto : (Arit kuwi ditangkis karo bendho)
Oeee...... kowe arep mateni aku !
. Beda maneh
karo padhudhone walito lan Yanto sing wis gelut .
Walito : wis tak kandhani iki gedhangku ( karo
nyawat yanto nganggo dhengkel wit pohung )
Yanto : (Yanto bisa ngindar) kowe iki diomongi
angel ! (mbalangake watu sakepel marang walito ) ( walito isih bisa endha ) .
Pak RT : Mandheg ! Mandheg ! Mandheg dhisik ! ora
kena padha pasulayan ! Apa ora isin ditonton cah cilik-cilik !
. Wong kang
nembe padudon kuwi wis iso dipisah pak RT . wis disarujuki , yen bab gedhang
kuwi bakal dirembug kanthi becik ing ngomahe pak RT . wengi rembugan kelakon
tenan . padha bengkerengan .
Tanto : Pak Rt... kuwi ngono gedhangku !
Midi : ora bisa.... gedhang kuwi sing njaga
aku .
Yanto : gedhang kuwi rak jelas-jelas mangklung
ana pekaranganku
Pak RT : wis ojo padhudhon wae . sesuk gedhang
raja kuwi bakal diundhuh bareng-bareng lan bakan didum sing adil .
Walito : iyo wis , aku setuju karo usule ak RT we
.
. Wengi kuwi
, udakara tabuh sewelas ana berita yen gunung kelud njeblug . Esuke dhusun kuwi
dikebaki awu . wong-wong padha ngomahe dhewe lan ora sida ngundhuh gedhang .
. Sawise
udan kahanan dadi luwih kepenak . wong-wong kang bakal ngundhuh gedhang wis
mlumpuk ana panggone pak Rt , banjur mangkat bareng .
Midi : niki sampun lengkap . pak RT ayo
ndang mangkat .
Pak Rt : nggehh....
. Wong papat
kuwi padha kuciwa awit wit gedhang wis rubuh , gedhange wis ora ana .
Wong papat : Loohh.... ( padha bingung dhewe)
Pak Rt : Hla..... iki ulahe sopo ?????????
.
wong papat kuwi lan pak RT banjur ora ana kang kumecap . katrem marang pikire
dhewe .
Saktemene ,
Nalika ana angin bergowong , ana wong edan kang liwat papan kuwi sing ndelok
lan ngundhuh gedhang raja kang mingin-mingini kuwi .
Wong edan : ciattttt..... bresss..... (bengok sak rosane ) . biyuh enak
ngeneki . josssss tenan ...
Sakbanjure dening
wong edan kuwi , gedhang saperangan dipangan ngenggon , turahane diprintili
kabeh lan diwadahi karung kresek banjur digawa lunga .
¨¨SELESAI¨¨
Sumber : Cerkak di Koran yang kemudian saya ubah ke dalam Dialog .
Terima kasih atas kunjunganya .
ANDI YUDHA SUSILA
Tidak ada komentar:
Posting Komentar